KORANJURI.COM-‘ Akeh pasien periksa dokter ana ing rumah sakit Singapura, nanging entek entekane nganggo BPJS ’ Ujare Dr.H.Mardiatmo, Sp.Rad, direktur Rumah Sakit PKU Muhammadyah Surakarta nalika menehi katerangan babagan kondisi dunia medis ing wektu iki.
Periksa ana ing rumah sakit mancanegara khususe rumah sakit Singapura, dadi trend tetamba warga masyarakat Indonesia sing padha nduwe duit. Miturut kandhane Dr.Mardiatmo, trend iki ora amarga masalah diagnosa lan kepinterane Dokter rumah sakit Singapura luwih pinter saka Dokter Indonesia, nanging kenyamanan pelayanan pasien kang ndhadekake rumah sakit Singapura dadi jujugan warga masyarakat Indonesia kanggo tetamba.
Manekawerna kekurangan lan keluwihane dunia medis Indonesia lan Singapura di terangake dening Dr. Mardiatmo, Sp.Rad. Tenaga medis, khususe Dokter ahli Indonesia sejatine pinter pinter. Akeh tenaga medis kacetak saka Indonesia kawentar nganthi tumeka mancanegara. Bisa nemokake obat lan nduweni karya kedokteran kang migunani tumrap dunia medis.
Yen di bandingake, dokter ahli Indonesia luwih akeh tinimbang dokter ahli saka negara Singapura. Gunggung cacah jiwa penduduk Indonesia kang matikel tikel akehe tinimbang penduduk Singapura bisa dadi pathokan, menawa akeh dokter ahli saka negara Indonesia tinimbang dokter ahli Singapura. Diagnosa medis antara Dokter ahli Indonesia lan Dokter ahli Singapura ora ana bedane, amarga liwat standar medis kedokteran kang uwis baku ana dunia medis. Peralatan kedokteran ana ing rumah sakit Indonesia uga ora kalah, nanging tetep wae akeh warga masyarakat lan pejabat sing padha berobat ana rumah sakit Singapura.
Golek tamba lelara pancen dadi hak kapribadiane dewe dewe. Ana ngendi wae ora dadi masalah. Sing ndadhekake anyel, menawa uwis di vonis kudu nindhakeka pengobatan kemoterapi banjur nggunakake BPJS.
BPJS pancen kanggo warga masyarakat Indonesia, nanging warga masyarakat uga kudu mangerteni fungsi lan kegunanane dikanggoke masyarakat sing ora nduwe.
‘Sacara sistem, ing rumah sakit Indonesia sak iki uwis ana, pasien sing mbutuhake pengobatan berkelanjutan otomotis di anjurake mlebu BPJS’ Ujare Mardiatmo
‘ Ironi, ora nyalahake warga masyarakat sing pada berobat ing rumah sakit Singapura, nanging pelayanan kesehatan ana rumah sakit Indonesia pancen durung bisa maksimal, saengga masyarakat pilih berobat ana mancanegara tinambang menyang negarane dewe’ Tandhese nerangake,
Kanggone Dr.Mardiatmo,Sp.Rad, pelayanan iki sing ndhadekake rumah sakit Indonesia kalah bersaing kalawan rumah sakit Singapura. Pelayanan ana rumah sakit Indonesia pancen kudu di tingkatake, amrih warga masyarakat bisa nyaman anggone golek tamba lelara. Ora mung ana proses diagnosa lan pengobatan, nanging saka mlebu rumah sakit, para pasien uwis di wenehi service pelayanan sing apik.
‘ Wiwit saka petugas parkir, pendaftaran, diagnosa medis nganti tumeka pengobatan kabeh kudu di tingkatake. Pelayanan iki ora mung mligi rumah sakit swasta lan negeri, wiwit saka puskesmas pelayanan kanggo pasien kudu di tingkatake. Ora mung kanggo warga masyarakat sing nduwe duwit, nanging sing ora nduwe duwit kudu entuk pelayanan sing nyaman’ Ujare nerangake.
‘Peningkatan pelayanan iki uga kanggo ngadhepi Masyarakat Ekonomi Asia, supaya rumah sakit Indonesia bisa bersaing kalawan rumah sakit mancanegara’ Tambah katerangane.
Dokter kang jejibahan dadi pangarsa rumah sakit PKU Muhammadiyah Surakarta wiwit taun 2011 nganti tumeka 2015 iki njlentrehake, kanggo ngadhepi MEA lan ningkatake pelayanan medis, rumah sakit PKU Muhammadiyah Surakarta menehi owah owahan babagan pelayanan rumah sakit. Wiwit saka parkir, pendaftaran, diagnosa , pengobatan lan rawat inap.
Pelayanan nyaman lan sejuk di utamakake kanggo para pasien, pelayanan rawat inap digawe standar Internasional. Salah sijine pelayanan medis kanggo ibu ibu sing arep babaran ana rumah sakit PKU Muhammadiyah, ana pelayanan deliveri suite room. Kamar bersalin canggih, nyaman, aman lan tenteram. Kabeh proses persalinan ana sak jroning ruangan kang terintegrasi multi fungsi. Kajaba kanggo proses babaran, lan pemulihan, uga kanggo perawatan bayi pasca kelairan.
Kenyamanan ana ing delivery suite room, rumah sakit PKU Muhammadiyah Surakarta ngutamakake kaluwarga pasien bisa melu nunggu ing nalika proses persalinan. Proses persalinan uga di awasi Dokter spesialis kebidanan lan penyakit kandungan, bidan lan perawat kang kompeten ana bidange.
Fasilitas layanan iki uga ora nguciwani, ana bed kanggo tenggo pasien, sofa set tamu, set meja dahar, set meja teras, AC, Televisi, Telepon, Lemari barang, Dispencer, Lemari Es lan fasilitas liyane kanggo pasien. Anggone menehi owah owahan, logo branding rumah sakit PKU Muhammadiyah uga melu di ganti.
Kanggone Dr.Mardiatmo, logo branding dadi salah sijine bab sing baku ana ing instansi. Amarga brand utawa merk iku bisa diartiake jeneng kang wakili produk sacara kabeh, klebu jasa pelayanane. /jd