Ngraketake Budaya Saka Jenang

KORANJURI.COM-Festival Jenang Solo Taun 2016 sing dileksanakake Dinas Pariwista Kuto Solo kerja bareng  Yayasan Jenang indonesia , sacara resmi di buka dening Pjs Walikoto Solo Budi Yulistyono ana ing acara Solo Car Free Day  Minggu 14 Februari 2016.

Ing sambutane Pjs Walikota Solo ngandhakake,

‘Tema Festival Jenang Taun iki kanthi aran’ Ragam Jenang Nusantara’ Kandhane mratelakake.

Di kandhakake Pjs Walikota Solo,  Festifal Jenang  Solo bisa kanggo sarana ngraketake manekawerna budaya  daerah  ing Nusantara. Jenang ora mung dadi wujud obyek barang, nanging  akeh peristiwa kabudayan kang ndelik ana sak jroning jenang. Mula ana ing FJS 2016, lima las wakil saka daerah Propinsi ing Indonesia melu ngramekake ragam pesona jenang Nusantara. Kang di gelar  ana  kawasan koridor budaya  Ngarsopura  tanggal 14 Februari nganti tumeka 17 Februari 2016

Lima las daerah sing  melu mgramekake FJ S 2016 sak antarane, Kalimantan Barat kang nyawisake kreasi Bubur Pedes saka bahan menekawerna sayur sayuran cacah patang puluh. Bubur Begunting  Kalimantan Selatan, Bubur Mahaban saka Kalimantan Timur, Jenang Wonobodro saka Pekalongan, Jenang Mutiara saka Kepulauan Riau, Bubur asin Riau, Jenang Candi  Magetan, jenang Jaket saka Banyumas, Jenang Sabun Tulungagung, Bubur Papeda saka Papua lan jenang jenang  saka daerah liya ing Nusantara.

Saka Jenang di karepake,  masyarakat bisa pasinaon kabudayan daerah, mangerteni  lan kenal daerah daerah ana ing Indonesia.  Kenal lan mangerteni bisa nuwuhake rasa kebersamaan toleransi lan ngraketake rasa paseduluran  antara suku lan etnis, saka Sabang nganthi tumeka Merauke. Mligine para generasi muda sak iki. Pratelane Pjs Walikota Solo.

Ana ing acara pembukaan Festival Jenang Solo 2016, Pjs.Walikota Solo di amping ampingi para pangarsa yayasan Jenang Indonesia sak antarane, GPH.Dopokusuma, mbah Sena gedong Putih, wakil Walikota Solo kapilih H.Ahmad Purnomo lan pangarsa liyane. Uga ana perwakilan saka Kementrian Kelautan kang menehi piweling kanggo para generasi muda.

‘Festival Jenang Solo sebisa mungkin di lestariake lan terus di tingkatake. Ing taun ngarep ora mung jenang Nusantara, nanging bisa uga  Jenang Asean lan International melu ngramekake Festival jenang Solo ’. Kandhane Ir.Nilanto Prabowo, Msc, Dirjen Penguatan Daya Saing Produk Kelautan lan Perikanan KKP RI, pinangka wakil saka Kementrian kelautan lan Perikanan.

Festival Jenang Solo sing  di leksanakake uwis  kaping lima iki, di gelar uga workshop tata cara nggawe bubur Papeda Papua, Jenang  Aceh, Jenang Dodol lan Jenang Revolusi Mental saka ibu ibu PKK Kadipiro Solo. Jenang Revolusi Mental utawa Jenang Remen sing nduweni rasane legi dikarepake, bisa  gawe demen lan kasukane warga masyarakat. Mula aran Jenang Revolusi mental  niru kekarepane program Pemerintahan Presiden Jokowi, menawa revolusi mental bisa sukses, rakyat bisa bungah lan remen, amarga pranatan bisa katata kanthi becik lan apik.

Ana ing acara pambukaan, Pjs Walikota Solo lan wakil Kementrian Kelautan melu ngaduk lan nggawe jenang dodol  ing workshop Festifal Jenang Solo 2016. Kajaba workshop  jenang saka daerah Nusantara, uga ana workshop Jenang kreasi bahari kang di leksanakake bocah taman kanak kanak  cacah 100pawongan. Workshop Jenang Bahari di karepake Kementrian Kelautan bisa kanggo ngelingake bocah bocah,  jenang ora mung mligi duweni  makna budaya, nanging uga dadi sumber protein lan kalori tumrap para generasi muda.

Di contohake wakil Kementrian Kelautan,  para atlit anggone bisa dadi juara kudu  kacukupan kalori lan protein wiwit saka bocah. Mula kanggone bocah cilik cilik, jenang  bahari kreasi Kementrian  Kelautan penting kanggo perkembangan lan pertumbuhan bocah. Kreasii Jenang Bahari di gawe saka campuran iwak lan bubur  ditambah santan kelapa,  saengga rasane gurih banget.

‘ Jenang sing  di gawe bocah bocah TK iki menawa uwis mateng, banjur di andumake warga masyarakat sing pada neneka ana ing Car Free Day.’ Kandhane nambahi katerangane

‘Festival Jenang Solo kang di gelar sak suwene telung dina  pinangka kanggo mengeti ambal warsa Kuto Solo kaping 271taun. ‘ Kandahane Mayor Haristanto, pangarsa  FJS 2016.

Di kandhakake Mayor,  FJS 2016  uga ngenengake  basar iwak seger lan kasil kelautan saka KKP RI. Demo masak lan pagelaran seni budaya Nusantara,  andum jenang kanggo warga masyarakat, saresehan ragam jenang Nusantara sing nekakake pelajar SMA  cacah 50 pawongan. Di tambah maneh acara  pagelaran seni budaya Papua, Aceh, Jazz Salatiga lan kirab budaya Jenang.

Ana ing acara FJS 2016 uga di enengake kerja bakti masal  ‘ Bladahan’ , resik resik koridor budaya Ngarsopura ing dina Senin esuk.  Acara resik resik iki miturut Mayor, kanggo persiapan puncak acara Festival Jenang Indonesia 2016 lan mengeti dina ambal warsa  Kuto Solo./ jd

Please follow and like us:
0
Spread the love
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.

soloraya koranjuri

FREE
VIEW