KORANJURI Basa Jawi – Anggone nggambar, seniman ora kudu migunakake cat minyak, cat air utawa bahan baku liya sing umum kanggo lukis. Saka kreatifitas budidaya seni, seniman lukis bisa uga nggunakake bahan apa wae sing bisa kanggo kreasi karya lukis. Kaya sing di lakoni seniman lukis Sutrisno ( 42th). Saka kasil kreatifitase, Sutrisno bisa nggambar seni lukis nganggo bahan baku bubuk grajen kayu
‘ Mula sanggar seni duweke kasebut sanggar seni lukis ‘Grajen Craft’. Ujare Kang Tris, Alumnus Desain Grafis Seni Rupa Universitas Sebelas Maret Surakarta.
Pria sing kerep kaceluk Kang Tris iki ngandhakake, ide lukis nganggo serbuk kayu utawa sing biasa kasebut grajen, kawiwitan saka tahun 2006. Ide mau neneka jalaran kang Tris kepingin nduweni karya lukis sing beda karo pelukis liyane. Sak durunge nekuni lukis Grajen, Sutrisno nduweni panggautan dadi salah sijine desainer grafis ana ing perusahaan swasta saka Australia. Luwih saka patang taun Kang Tris dadi karyawan ana ing perusahaan mau. Menawa ana wektu longgar, Kang Tris nyalurake bakat kreatifitase nggawe bingkai lan pigura foto saka bubuk grajen. Kawiwitan saka nggawe pigura foto, Kang Tris nduweni kreatifitas menawa grajen mau bisa kanggo media lukis ana ing kanvas.
Kanggone Kang Tris, senadyan dadi karyawan ana perusahaan swasta lan entuk gaji sing gede, nanging tetep ora kaya wong sing bebas mandiri.
‘Apa maneh jiwa seni iku butuhake kebebasan kanggo nyalurake kreatifitas.’ Kaya ngunu kui pamikirane Kang Tris.
Saka pemikiran iki, taun 2006 Kang Tris nekad metu saka panggaweane sak perlu bisa total anggone nyalurake bakat seni kreatifitas. Senadyan akeh pra kanca sing pada nyaranake aja metu saka panggaweane, nanging tekad mau uwis teguh kanggone Kang Tris.
Metu saka desainer grafis, taun 2006 Kang Tris mulai ngasilake karya lukis saka serbuk Grajen sing sepisan. Anggone lukis nganggo Grajen miturut Kang Tris,
‘ Menawa lukis nganggo cat minyak uwis biasa, nanging ngganggo grajen ora saben seniman lukis bisa nggambar.’ Ujare Kang Tris.
‘ Bubuk grajen saka sampah daur ulang industri mebel bisa ngasilake karya seni sing aji. Dadi salah sijine bisnis seni sing bisa janjiake bati ’ Kandhane pria sing biasa mangkal ana pasar wengi Ngarsopura saben dina malam minggu.
Isih miturut Kang Tris, serbuk grajen kanggo lukis di kasilake saka industri mebel sing mapan ana tlatah Sekip. Bubuk Grajen sing kanggo lukis, di jupuk saka produksi mebel sing nduweni kuwalitas ekspor menyang mancanegara. Jalaran mitur Kang Tris, grajen saka mebel kuwalitas ekspor duweni kuwalitas kadar banyu setithik banget. Bisa di andelake keawetane nalika nemplek ana kanvas. Awit menawa nganggo grajen sing isih teles, di kuwatirake bakal kaserang jamur.
Serbuk grajen kanggo lukis ora sembarang saka serbuk grajen kayu. Sing paling apik kanggone Kang Tris, grajen saka kayu mahoni. Jalaran werna grajen mahoni luwih padang tinimbang grajen kayu jati, bisa di wenehi pewarna tekstil kanggo ngethokake werna cerah ana ing lukisan. Grajen kayu jati nduweni karakter werna peteng, di gunakake kanggo gradasi werna peteng.
Ana ing sanggar lukis ‘Grajen Craft’, Kang Tris uwis ngasilake karya lukis grajen puluhan nganti tumeka atusan lukisan. Ana lukisan gambar pemandangan, tokoh tokoh nasional Surya Paloh, Bung Karno, Megawati, Gesang, Jokowi lan tokoh liyane. Uga ana tokoh dunia kaya dene Ce Guevera, Monalisa, Jhon Lennon lan tokoh tokoh liya sing kabeh di lukis saka serbuk grajen kayu.Nah, saka keunikane seni lukis karya Kang Tris sing di kasilake saka bahan ramah lingkungan, ndadhekake karya karyane akeh di sengsemi para kolektor lan pandemen seni lukis. Karya karyane akeh sing di gawa ing daerah daerah, mancanegara, omah museum lan di pajang para kolektor ana ing ruang kolektor seni. Karya seni lukis grajen duwekke Sutrisno, uga uwis melu pameran pameran seni ana ing kutho Jogja, Jakarta, Solo, Bali, Bandung lan kutho liyane.
‘ Ing mancanegara, sak perangan karya lukisane uga uwis ana sing di pamerake ’ Ujare ngandhakake karya lukis sing nate di pamerake
Di kandhakake dening Sutrisno, tehnik lukis nganggo grajen kayu kasebut kanthi aran tehnik kolase. Kolase yho iku kumpulan karya seni sing di kasilake saka manekawerna bahan baku kayu, kertas, kain, kaca, logam, lan bahan liyana sing di templeke ana ing gambar. Ana ing Kolase, bahan baku lukis isih katon natural kaya wujud asline.
‘Tehnik kolase beda karo tehnik seni lukis, sing ndadhekake kanvas warna putih malih werna warni ’ Kandhane
Kolase ngethokake wujud asli bahan material sing kanggo lukis. Grajen serbuk kayu tetep isih kethok kaya wujud asline, bentuk lan tekstur kayu isih tetep kethok asli. Menawa nganggo bahan baku kaca utawa logam, bahan bahan mau uga isih tetep kethok kaya wujud asline nallika dadi karya seni lukis.
Nalika nggelar pameran ana ing Jakarta akeh para seniman sing ngandhakake, menawa lukis grajen klebu seni kerajinan, dudu Fun Art. Anggepan iki ora di sarujuki dening Kang Tris, seniman sing uwis bebrayan sak suwene patang taun iki ngandhakake, Kang Tris kepingin ndobrak anggepan mau, menawa lukis grajen klebu karya seni Fun Art, kaya dene lukis palet sing nggunakake media cethok kanggo nggambar.
Ana ing Grajen Craft, Alumnus Desain Grafis Seni Rupa iki nerangake tata cara lukis grajen kawiwitan saka nggawe sketsa gambar ana ing kertas duplek utawa media gambar liya.
Gambar sing di karepake luwih dhisik di sketsa lan di pola. Menawa sketsa uwis rampung, banjur di olesi lem kayu kaya sing di kerepake, kanggo nemtukake corak gambar panggonan sing padang lan peteng. Menawa lem kayu uwis di olesake ana ing pola sketsa, serbuk sing uwis di wenehi warna di di ayak, lan di sebar sebarake ana sak duwure pola sketsa gambar. Serbuk grajen mau dening Sutrisno di kreasi maneh di wenehi pigmen pewarna, kanggo ngethokake kreasi werna.
Menawa lem kayu uwis garing lan nemplek kanthi sempurna, tahapan sing sepisan seni lukis saka grajen kayu uwis rampung. Tahapan iki mau isih dilanjutake maneh nganti pirang pirang lapis grajen, gumantung saka karep lan jiwa seni sing cumondhok ana bathin Kang Tris.
‘ Saben sak lukisan bisa tumeka patang lapis grajen kayu ’ Ujare Kang Tris.
Menawa lukisan mau uwis rampung, banjur ana proses pengeringan sing nggunakake surya srengenge. Proses pengeringan iki menawa ana ing mangsa ketiga paling butuhake wektu 3 nganti tumeka 4 dina, nanging menawa ing mangsa rendeng bisa luwih suwe.
‘Kabeh tahapan menawa uwis di rampungake, tahap akhir utawa finishing lukisan serbuk grajen banjur di semprot nganggo cat bening, kanggo jaga kualitas serbuk grajen amrih bisa awet ora di pangan rayap’ Ujar Kang Tris
Di kandhakake, lukisan sing paling payu lan asring di pesen yho iku potret diri. Saben minggu paling ora ana wong loro telu sing pada pesen lukis grajen ana sanggar Grajen Craft. Kanggo ukuran standard foto 10R, di regani reregan kurang luwih Rp.150.000 nganti tumeka Rp.250.000. Ukuran iki biasa di tawakake ana ing pasar wengi Ngarsopura.
Nalika nggawe karya lukis Grajen, Kang Tris nate di peseni lukisan Grajen ukuran 1meter luwih saka kolektor seni lan tokoh nasional. Lukisan iki mau kanggone Sutrisno dadi karya lukis Grajen potret diri sing paling gede nate dikasilake. Sak liyane foto foto potret diri, uga ana foto pemandangan lan kewan ing sanggar lukis Grajen Craft. Foto foto mau di sengaja di tata ana ing teras sanggar, kanggo ngukur sepiro kekuatane lukis grajen kena sorote surya lan banyu udan. Supaya para seniman lukis bisa mangerteni, menawa lukis grajen iku klebu karya seni dudu kasil kerajinan.
‘ Kanggo para pawongan sing pada pesen lukis Grajen, bisa gawe ukuran lan desain miiturut karemenane dewe dewe, gumantung saka kesenengane’ Pungkase Kang Tris./ kangmas jk