Goa Sapta Arga Ing Gunung Kidul


    

KORANJURI.COM ( basa jawa )-Kabupaten Gunung Kidul, tlatah kabupaten sing mapan ana ing pesisir kidul pulau Jawa iki ora mung nyimpen sewu  siji pesona alam bahari lan obyek pariwisata pegunungan. Kawasan Kabupaten sing nduweni  konstur geografis wewatuan karst iki uga nyimpen  pesona pariwisata  alam  goa lan sumber mata air ana ing njero lemah .  Kajaba obyek pariwisata goa pindul sing uwis kawentar kanggo para wisatawan, atusan goa sing mapan ana ing Kabupaten Gunung Kidul, akeh sing durung di buka kanggo tujuan obyek pariwisata.  Salah sijine Goa Saptarenga ing Dusun Tengger, Desa Jatisari Kecamatan Plarung. Gunung Kidul.

Goa sing nduweni lawang tembus cacah telu,  sinambung kalawan goa liyane ana ing Desa Jatisari iki, sejatine uwis di buka dening Pemerintah Daerah Kabupaten Gunung Kidul wiwit taun 2013, nanging nganti tumeka sak iki Goa Saptarengga isih sepi saka wisatawan kang neneka. Miiturut kandhane Suyatno ( 60 th ) mantan Kades Jatisari, akeh bangunan infrastruktur sing durung di dandhani lan di bangun, kaya ta akses dalan mlebu, MCK, papan penunjuk arah tumuju goa lan infrastruktur liyane.

Kanggone warga desa, Goa Saptarengga kang kawentar kaceluk  Goa Sapta Arga klebu goa sing isih perawan. Ora saben pawongan wani mlebu ana ing njero goa, jalaran akeh cerita cerita ghaib ngenani babagan Goa Sapta Arga. Goa iki kanggone warga masyarakat sekitar  biasa kanggo laku sesirih lan panyuwunan.

Sacara geografis,  Kecamatan Plarung mapan ana ing kawasan Kabupaten Gunung Kidul bagiyan sisih wetan dewe, mepet kalawan tapal wates Kabupaten Wonogiri.  Jarak sing katempuh  saka pusat Kota Kabupaten Gunung Kidul menyang Goa Sapta Arga kurang luwih sekitar 30km. Sak jroning lumaku tumuju Goa Sapta Arga,  para wisatawan bisa nyawang indahe panorama alam gunung kapur.

“Kecamatan Plarung  pancen kawentar dadi salah sijine Kecamatan ana ingGunung Kidul sing nduweni obyek wisata alam goa. Potensi wisata alam iki akeh sing durung di ekplorasi, dibuka kanggo tujuan wisata. Kecamatan Plarung uga kawentar nduweni kasil sumber alam tambang watu akik lan watu kapur. Akeh warga sing pada nggumantungake urip saka kasil alam, khususe watu akik’ Nerangake Suyatno

Mula ora nggumunake, gumebyare watu akik taun iki dadi berkah kanggo para  penambang lan pengrajin akik saka Desa Jatisari Kecamatan Plarung. Pinangka kanggo ngembangake  industri watu akik, Pemerintah Propinsi Daerah Istimewa Jogjakarta banjur mbangun ruang kanggo pamer lan kerajinan watu akik.

Miturut arahane Gubernur DIY nalika ngeresmiake ruang pamer lan kerajinan, ekonomi kreatif kasil alam iki sebisa mungkin di dhadhekake sak paket nyawiji kalawan kawasan obyek wisata Goa Sapta Arga, pratelane ing wektu semana.

‘ Sacara khusus peresmian showroom watu akik lan kawasan obyek wisata Goa Sapta Arga dibuka dening Gubernur DIY Sri Sultan Hamengku Bawana ka X ‘ Ujar Suyatno.

Mantan Kades sing nate njabat nganti tumeka rhong periode iki ngandhakake, ruang pamer di bangun ana ing lelawangan dalan mlebu saka jalur lintas propinsi Jawa Tengah lan DIY tumuju Desa Jatisari. Sak perlu, alasane mantan lurah Jatisari, supaya gampang di akses  wisatawan sing pada neneka, lan para panganggon dalan sing lewat ana tlatah Jatisari.

Diterangake maneh dening Suyatno, kajaba dadi sentra tambang watu akik, uga ana tambang emas lan mangan. Nanging kasil bumi iki mau durung bisa ditambang dening warga masyarakat, hamung sak perangan wae nate di jupuk lan di teliti para ahli kanggo sample. Sejatine ana warga sing nate marak njaluk ijin ana ing dinas terkait kanggo ekplorasi tambang emas, nanging nganti tumeka taun 2015 iki ora di wenehi. Alasane, lokasi tambang  cedhak  kawasan wisata Goa Sapta Arga, pemerintah wedi marang dampak rusake lingkungan sekitar. Warga liya uga akeh sing ora nyarujuki, amarga sak njeroning Goa Sapta Arga akeh sumber mata air, sing bisa digunakake kanggo sumber penguripan.

‘Senadyan tambang mau ana papan pekarangan pribadi, nanging akeh warga sing ora sarujuk’ Kandhane Suyatno nandhesake

Miturut data saka ahli geologi, kawasan Goa Sapta Arga kebentuk saka proses geologi antara 16 nganti tumeka 56yuta taun kepungkur, ana ing jaman Miosen tengah nganti Miosen akhir. Goa Sapta Arga kasusun saka batu gamping klastik lan neoklastik, sing kabentuk saka endapan material material sendimen laut. Ana ing proses yutan taun, endapan sendimen mau ngalami lithifikasi ( Pembatuan ) dadi watu gamping.

Sifat watu gamping  ( CaCO3 ) sing gampang larut, lan ana retakan sing mapan ing nduwur permukaan watu, ndadhekake banyu sing mapan ana nduwur ngalir mlebu ing lapisan ngisor permukaan. Saengga gamping ngalami pelarutan kabentuk  goa, lan dadi kali ana ing ngisor lemah. Proses iki kabantu saka proses tektonik bumi, sing awujud pengangkatan dening gaya endogen,saengga watu sing mapan ana njero lemah metu ing permukaan,  bebarengan kalawan proses erosi lan pelarutan ana nduwur lan ngisor goa.

Stalaktit lan Stalakmit  dadi struktur watu ana njero goa, sing nduweni ciri khas goa  komposisi gamping. Kabentuk saka pelarutan lan reklistalisasi gamping, karana media tetesan banyu ing njero goa.

‘Akeh cerita mitos ngenani Goa Sapta Arga. Sak durunge di buka kanggo obyek wisata, Goa Sapta Arga biasa kanggo mertapa para warga desa sing nduweni gegayuhan lan penyuwunan’ Terang Suyatno ngandhakake legenda Goa Sapta Arga.

Kebiasaan iki miturut Suyatno, amarga penduduk desa nduweni keyakinan Goa Sapta Arga nate kanggo laku tapa Presiden Soekarno. Senadyan ing njero goa ora kathon  petilasane Presiden Soekarno, nanging mitos mau ndadhekake penduduk banget percaya. Mitos iki ora mung dadi salah sijine legenda Goa Sapta Arga, nganti sak iki warga isih percaya menawa  njero Goa Sapta Arga ana mahkluk ghaib sing awujud kewan ula  jamang, landak lan macan. Kewan kewan ghaib iki miturut katerangane penduduk desa, kerep ngethoki.

‘ Biasane nalika penduduk desa golek banyu ana njero goa’ Kandhane Suyatno nerangke sing mbaurekso Goa Sapta Arga.

Ing Njero goa uga ana watu awujud tempayan banyu, lampu gantung lan besalen. Besalen iki miturut legenda, kanggo para empu jaman ndhisik nyepuh keris. Saka peninggalan iki bisa dimangerteni, menawa Goa Sapta Arga nate kanggo nggawe pusaka jaman kuna. Hamung wae ana sing aneh, ora saben uwong bisa ngerti wujude besalen watu. Kandhane penduduk desa sing nate ngerti, besalen mau watu ali ali kang di ubengi watu, saengga bisa kanggo tandon wadah banyu. Ing lelawangan goa ana watu pawujudans gajah, mula kaceluk watu gajah.

Di kandhakake mantan Kades peputra telu, kawasan Goa Sapta Arga ana goa liyane. Yho iku Goa Nggrembel, Goa Plulutan lan Goa Groda, goa iki siji lan sijine bisa tembus. Goa Sapta Arga tembus kalawan Goa Plulutan lan Goa Groda,  hamung goa Nggrembel sing ora nduweni tembusan alias buntu.

Dalan tembus Goa Sapta Arga menyang Goa Plulutan kurang luwih 800meter, Goa Sapta Arga menyang Goa Groda kurang luwih sekitar 1km. Kabeh dalan tembus mau awujud  sumber banyu kali ngisor lemah. Ora gampang  para pengunjung lan wistawan nyusuri kali ana njero goa, kajaba lunyu butuh peralatan sing nyukupi kanggo keselametan. Penyusuran kali njero goa nate dilakoni, nalika njero goa arep dipasangi lampu kanggo peresmian obyek wisata kawasan Goa Sapta Arga.  Nalika isih njabat dadi Kepala Desa, Suyatno jejibahan dadi pengarso acara peresmian, mlebu  ing njero goa nata lampu penerangan. Ana ing njero goa Suyatno gumun marang keindahane. Suyatno nyeritakake, akeh karang landhep ana njero goa, mula kudu ngati ati  supaya ora nglarani sikil./jk

 

Please follow and like us:

    


123

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.

*